Jumat, 16 Desember 2011

Mengatasi Masalah Hidup

Mengatasi Masalah Hidup
GORO GORO

oleh John Tello Jendal pada 03 Desember 2009 jam 3:30

Urip ning jaman merdiko
Jamane jaman MAJU
Akeh menungso angel ditoto nganggo tuntunan agomo
Senengane malah do gawe duso
Tumindake duso sak'mbendino podo ra kroso
Termasuk ngrusuhi bojone konco...

Jamane jaman EDAN
Akeh wong do lali karo Paugeran
Uripe mung luru sandang klawan pangan
Hobine maksiat sak' dhalan dhalan
Nyambut gawe podo sungkan
Bandane wong malah dinggo raya'an

Jamane jaman MAJU
Akeh wong wadon tambah kemayu
Nek mbengi do metu ngguya ngguyu
Mung trimo mamerke pupu turut ngisor warung payune mung sewu...

Jamane jaman GELOBALISASI
Akeh wong wes do lali karo Zdat kang Moho Suci
Akeh santri gak do gelem ngaji
Ugo akeh Kyai wes do lali karo santri
Malah melu melu rebutan kursi
Mulo dadine koyo ngene sak'iki

S'nadyan menggkono poro santri jo podo cilik ati
Jamane pancen wes tuo
Akeh wong pinter do keblinger
Wong bener malah klenger
Wong salah wes podo bungah
Wong bodo malah kanggo
...........ndilalah copet umure malah awet

Sing penting ayo nek kepingin slamet
Gondeli IMAN sing kuat TAQWA'ne sing kandel
Gak usah cilik ati
Ono unen enen "Wong temen bakale temu" "sing salah bakale seleh" "becik ketitik olo ketoro"
............ iku bakal kasunyatan"

Santen duduh klopo
Kupat janure tuo
Semanten Goro Goro
Menawi lepat nyuwun pangapuro
Mergo kulo k'entekan ukoro

Tidak ada komentar:

Posting Komentar